TONDONIPUN TIYANG ENGKANG SAK ESTU AJRIH DATENG ALLAH SWT

TONDONIPUN TIYANG ENGKANG SAK ESTU AJRIH DATENG ALLAH SWT

( NYONGSONG KERAWUHANIPUN BULAN ROJAB )

KHOTBAH SEPINDAH JUM’AT, 03 JUNI 2011

 

اْلحَمْدُ لِلَّهِ اَّلذِى أَحْسَنَ تَدْبِيْرَ اْلكَائِنَاتِ. وَخَلَقَ اْلأَرَضِيْنَ وَالسَّمَوَاتِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهْ أَنْزَلَ اْلمَاءَ مِنَ اْلمُعْصِرَاتِ. وَأَنْشَأَ اْلحُبَّ وَالنَّبَاتِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ذِيْ اْلمُعْجِزَاتِ الظَّاهِرَاتِ. اَلَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَّلذِيْ حَصَلَ مِنْ نُوْرِهِ وُجُوْدُاْلكَائِنَاتِ. قَالَ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ اْلكَرِيْم . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم . إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ . ( أما بعد ) فَيَاأَيُّهَااْلإِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى الله اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ .

Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Monggo kito tansah ningkataken raos ajrih dumateng Allah SWT, inggih meniko kanthi sak estu anggen kito nindaaken punopo engkang dados perintahipun Allah SWT, tuwin nebihi dateng punopo engkang dados awisan-awisanipun. Jalaran namung kanti ajrih utawi engkang kito kenal kalehan “taqwa” menikolah engkang saget nuwuhaken gesang engkang ayem tentrem mboten namung ing ndunyo meniko, langkung-langkung mbenjeng menawi kito sampun sowan wonten ngersonipun Allah SWT. Mugi kito tansah saget nyirami manah, kanthi toyo ketaqwaan engkang banget wigatos meniko, Amin Allohumma Amin.

Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Sebagian ahli hikmah wonten engkang ngendiikan bilih selametipun jasad, meniko menawi anggen kito mboten kakean dahar. Selametipun ruh meniko menawi kedhik anggen kito damel doso, lan selametipun agami kito meniko menawi kito tansah mahos solawat dateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanthi meniko, menawi kito ngersaa’aken selamet kedah njagi jasad, ruh lan agami kitho kanthi nglampahaken dawuh / pangendikanupun poro ulama’ kalawahu, supados kito sak estu-estu dados tiyang engkang nggadahi raos taqwa dateng Allah SWT.

Allah SWT sampun ngendikan wonten ing Al-Qur’an (Q.S Al-Hasyr : 18) :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

Maksutipun ayat meniko kirang langkungipun : “Hai wong kang podo iman, podo wediho siro marang Allah SWT, Lan becik ningali sopo wong ing perkoro kang wus dilakoni kanggo (nyiapake) dino mbesu’e (tegese opo kang wus digawe ngamal kanggo ngadepi Akhirate, becik ngamal ta’at supoyo merkoleh hasile ing dino qiyamat), Lan podo wediho siro kabeh marang Gusti Allah, sak temene Allah meniko ngudaneni opo kang podo siro lakoni”. Tegese Allah meniko ngudaneni saben perkoro ta’at kang wus dilakoni  kawulopun. Sak temene poro malaikat, langit lan bumi, wengi lan rino ngantos anggoto jasad kulo panjenengan sedoyo mbenjeng ing dino qiyamat sami nyekseni saben amalipun anak adam, sae meniko amal engkang sae utawi amal engkang awon. Menawi bumi nyekseni tiyang mukmin lan tiyang-tiyang engkang zuhud, nuli bumi meniko bade mator datheng Allah bilih kawulo meniko sami ninda’aken sholat, ninda’aken poso, haji lan podo jihad ono ing nduwur geger kulo. Nuli tiyang mukmin lan tiyang zuhud kalawahu ajer lan ayem. Kosok wangsulipun menawi engkang disekseni tiyang kafir lan ahli maksiyat, Bumi meniko mator bilih tiyang meniko nglampahaken syirik, podo zino, ngumbe arak, lan podo mangan perkoro harom ing geger kulo. Nuli ciloko banget kangge tiyang kados meniko, na’uudhubillah min dzalik.

Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Menawi tiyang meniko ajreh datheng gusti Allah kanthi sedoyo anggota jasadipun, yekti tiyang kalawahu dados tiyang bejo. Wondene tetengeripun tiyang engkang ajreh kanthi sedoyo jasadipun meniko saget dipun mangertosi sakeng anggenipun nggina’aken pitong macem anggoto jasadipun inggih meniko :

  1. Njagi lisan. Tiyang meniko tansah njagi lisan sakeng goroh, ghibah(ngrasani olo dateng tiyang sanes), namimah(adu-adu), lan sakeng ngomong kang leluwihan. Tiyang kalawahu tansah ketungkul anggenipun dzikir (Imut) dateng Gusti Allah, anggenipun mahos Al-qur’an lan bibinahu macem-macemipun ngelmu engkang saget mbagusi ndunyo lan akheratipun.
  2. Njagi ,manahipun. Tiyang meniko tansah ngedalaken permusuhan sakeng manahipun, ngeduhi hasud(drengki) dateng sedhere’ipun, keranten hasud utawi drengki meniko saget ngobong amal-amal kesaenan kito, kados ngendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW :

Sak temene hasud iku biso mangan amal kang apik koyodene olehe mangan geni maring kayu kang gareng.

Mangertoso bilih hasud meniko termasuk penyakit ati englang paling ageng. Lan mboten wonten obat kangge ngatasi penyakit meniko kejawi tiyang engkang nggadahi ngelmu lan purun ngamalaken ngelmunipun.

  1. Ngrekso peningalipun. Tiyang kalawahu mboten remen ningali perkawis – perkawis harom, sae engkang berhubungan dateng dedaharan, unju’an, rasu’an lan sanes-sanesipun. Tiyang kalawau mboten kabujuk dateng ndunyo, nanging sebatas ndadosaken sedoyo meniko minongko i’tibar (angen-angen kangge nyaket dateng Allah) lan ugi tiyang kalawahu mboten remen ningali bondo engkang mboten dados hak-ipun. Kados pangendikanipun Nabi Muhammad SAW : “Sopo wonge kang mripate kebak kalehan barang haram, mongko Allah bakal ngeba’i mripate kalehan genine neroko mbesok ing dino qiyamat. Na’uudzubilla min dzaalik.
  2. Ngrekso madaranipun, mboten bade nglebetaken perkawis dateng madaran. Keranten mangan bondo harom meniko termasuk doso engkang ageng, kados ngendikanipun Nabi : Naliko tumibo ing wetenge anak adam sakeng sak pulu’an perkoro harom, mongko poro malaikat kang ono ing langit lan bumi bakal nglaknati tiyang meniko selagine pulu’an harom meniku taseh ing badane tiyang kalawahu, lan naliko lelampahan wau ngepasi tiyang meniko mati, mongko balesane yoiku neroko Jahannam, Na’uudzubilla min dzaalik.
  3. Ngrekso Astanipun, tiyang kalawahu mboten nggina’anek asta kangge perkawis harom, nanging tansah nggina’aken asto kangge ta’at dateng Allah SWT. Dipun ceriosaken sakeng Ka’b al-Akhbar bilih Sak temenipun Allah SWT sampun nyipto sewiji omah saking zabarjad (mutiara di syurga) hijau yang di dalamnya terdapat 70.000 perumahan, kang saben-saben perumahan ono omah kang jumlahe 70.000. ora bakal iso manggoni omah-omah iku kejobo wong kang mengo sakeng perkoro harom lan ninggal perkoro harom iku kerono Allah SWT.
  4. Ngrekso sukunipun. Tiyang kalawahu mboten mlampah dateng maksiyat, nanging digina’aken kangge ta’at dateng Allah, pados ridlonipun, mlempah nyaket ulama’, lan nyaket tiyang ahli kesaenan.
  5. Ngrekso keta’atanipun. Tiyang kados meniko tansah njagi kata’atanipun kanti murni keranten pados ridlo Allah, ajreh saking riya’ (nyombongke amal), lan ajrih saking kemunafikan.

Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Menawi tiyang sampun saget ngelampahaken kados meniko, mongko tiyang kalawahu bade kagolong tiyang engkang dipun perhatosaken dening Allah wonten Al-Qur’an :

وَالْآَخِرَةُ عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُتَّقِينَ

Lan urip ing akherat ing ngersane pengeran siro iku kanggone wong kang podo taqwa. (Q.S. Al-zukhruf : 35)

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ

Saktemene wongkang taqwa iku ono ing njerone suwargo lan caket dateng sumber mata air (Q.S Al-Hijr : 45)

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَنَعِيمٍ

Sak temene wong kang podo taqwa bakal ono ing suwargo lan kenikmatan. (At-Thur : 17)

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي مَقَامٍ أَمِينٍ

Sak temene wong kang taqwa iku ono ing panggonan kang aman (Q.S Ad-dukhon : 51)

Kados-kados Allah meniko ngendikan bilih tiyang engkang gadahi taqwa / ajreh dateng Allah bade selamet ing dinten qiyamat saking geninipun Neroko. Kados Meniko kedahipun kito wonten ing antawisipun raos taqwa(ajrih) dateng Allah nanging ugi kedah gadah pengarep-arep (Roja’) dateng rahmatipun Allah. Ampon ngantos kito putus asa saking ajrih lan ngarep-arep rahmatipun Allah. Kados ngendikanipun لَا تَقْنَطُوا مِنْ رَحْمَةِ اللَّهِ  Ojo podo putus asa siro kabeh sakeng rohmate Alloh.

Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Dipun ceriosaken bilih Nabi Daud ing sewijining dinten nembe lelenggahan, mahos kitab Zabur. Dumadak Nabi meniko mersani wonten singgat ing nduwur awu. Nuli nabi Daud mbaten ing atinipun : Opo kang Allah kersaaken sakeng wontenipun singgat iki?. Kanthi idzinipun Allah singgat kalawahu ngucap : Duh Nabine Allah, ing wektu rino Allah merintah kulo supados ngucap : Subhanalloh, wal hamdulillah, wa laa ilaaha illallohu walloohu akbar ambal ping sewu. Wondene ing wekdal dalu kulo diparingi Ilham Allah supados maos Allohumma sholli ala muhammadin an-nabiyyil ummiyyi wa alaa aalihii wa sohbihii wa sallim, kelawan ambal kaping sewu. Panjenengan kiyambak, dereng mahos kados ngaten sak derengipun pados faedah saking kulo. Nuli Nabi Daud AS ngeraos getun sakeng olehe ngemprehake singgat kalawahu. Lajeng nabu Daud AS ajreh dateng Allah, nuli taubat lan pasrah dateng Allah sak sampunipun kedadosan meniko.

Wondene Nabi Ibrahim AS naliko emit dateng keluputanipun lajeng getun engkang sanget, mirengaken suworo manahipun sak estu peparek dateng Allah. Nuli Allah ngutus malaikat jibril engkang ngendikan : Duh kekasihipun Allah, setuhune Allah maringaken keselametan dateng panjenengan. Nopo panjenengan mangertos kekasih engkang ajrih dateng kekasihipun? Jawabipun Nabi Ibrahim : Duh jibril, Menawi kulo imut kaluputan kulo, lan mikir dateng siksanipun kulo lajeng kesupen (keranten banget ajrihipun).

Menawi kados mekaten lelampahanipun poro nabi engkang sampun caket dateng Alloh, lajeng kados nopo kalehan kito?

Hadirin Jamaah jum’ah rohimakumulloh

Keranten meniko monggo kito toto manah kito, ampun ngantos tebih sakeng Allah amargi kito mboten gadah raos taqwa/ajrih dateng Alloh SWT. Langkung-langkung ing wekdal wulan rojab(rejeb) engkang nembe dumugi meniko monggo kito gina’aken kangge ngatah-ngatahaken amal ibadah lan kito tansah njagi sedoyo anggoto badan kito sakeng lelampahan awon. Keranten mengeti utaminipun wulan meniko Allah ngendikaaken wonten ing Al-Qur’an :

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

Sak temene wilangan sasi mungguhipun Allah SWT meniko wonten 12 wulan wonten ketetapanipun Allah Nalikane nyipto dateng langit lan bumi. Saking piro-piro wulan iku ono 4 kang mulya. (Q.S. At-Taubah : 36)

4 wulan meniko dipun tafsiri bilih engkang setunggal kiyamba’an inggih meniko wulan rojab, lan 3 sanesipun meniko berturut-turut inggih meniko wulan dzul qo’dah(apet), dzul hijjah(Besar) lan Muharrom(suro).

Akhiripun mugi kito tansah pikantok margi engkang jejek, dipun tedahaken dateng ketaqwaan engkang sak estu, ing akhiripun kito merkoleh ketentreman wonten ing ndunyo meniko langkung-langkung ing akherat sak mangke. Amin Allohumma Amin.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم . إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ  بارك الله لي ولكم فى القرآن العظيم ونفعني وإياكم بذكره الحكيم إن الله هو التواب الرحيم.

Keterangan :

Khotib kedah merhatosaken jama’ah, supados mboten kedangon anggenipun mahos khutbah. Keranten meniko isi khotbah meniko kedah dipun ringkes kiyambak.

Suwun

Dinuqil dari :

  1. Kitab Mukasyafah Al-Qulub al-muqorrib ila hadhroti ‘allaamil ghuyuub lihujjatil islam Al Imam Al-Ghazali, Singapura, Jeddah, Indonesia : Al-Haromain, hlm. 5-7.
  2. Kitab Durroh An-Nashihiin, lil asy-syaikh usman bin hasan, Surabaya : Al-Hidayah, hlm. 84-85.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: