Materi Khutbah Idul Adha 1432 H

Didahului dengan Rukun-rukun dan tatacara khotbah Idul Adha.

  1. Takbir 9 kali.
  2. Hamdalah
  3. Shalawat
  4. Wasiyat taqwa
  5. Ayat al-qur’an
  6. Mahos dungo kagem tiyang muslim ing khutbah kedua.

 

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Setiap manjing dinten Idul Adha kito tansah dipun emutaken dateng hikayatipun Nabiyullah Ibrahim AS, engkang tansah ndere’aken perintah-perintahipun Allah SWT sinaoso aboto kados nopo perintah kalawahu. Bahkan perintah supados mragat puro wayah engkang banget dipun cintai lan dipun bangga2aken, inggih meniko Nabiyulloh Ibrahim AS. Saget kito bayangaken pripun raosipun, menawi kito dangu mboten gadah putro, lajeng pinaringan putro wayah jaler engkang yuswo 7 tahun(mongso banget-bangetipun remene tiang sepah dateng putro meniko) lajeng disuwun gusti Allah supados kito pragat kiyambak. Sinaoso mekaten, ternyata Nabiyullah Ibrahim AS tetep nglampahaken perintahipun Gusti Allah  meniko kanti mantep, mboten mamang.

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Salah setunggalipun pelajaran engkang saget kito perkoleh saking hikayat Nabi Ibrahim puniko inggih sifatipun engkang tansah sabar, ikhtiyar, tawakal, qona’ah lan syukur. Sabar diperintah nyembelih putra, ikhtiyar supados anggenipun nglampahaken perintah Allah pinaringan ridlo kanti nglampahaken poso tarwiyah lan ‘arofah, nyuwun petunjuk lan sak estu tawakal dateng putusan Allah, qona’ah utawi nampi sedoyo cobaan meniko kanti purun nglampahaken perintah meniko, lan syukur bilih ternyata Allah menghendaki engkang langkung sae tumprap Nabi Ibrahim kalawahu.

Menawi sifat meniko kito dere’aken mongko kathah sanget manfaatipun kagem gesang kito sedoyo.

Mboten wonten manungso engkang mboten dicobi dening Allah SWT. Sang soyo caket posisi kawulo dateng gusti Allah, mongko sang soyo kathah ujian engkang bade dipun tampi kawulo wahu. Sang soyo inggil derajat manungso, mongko ugi sang soyo sulit ujian engkang bade dipun tampi. Ibarat bocah sekolah, soyo dhuwur tingkatane mongko soyo abot lan soyo angel ujiane. Nanging kedah kito mangertosi bilih mboten wonten kunci jawaban engkang langsung leres kagem njawab soal ujianipun Allah meniko kejawi kito kedah Sabar, ikhtiyar, tawakal, qana’ah lan kedah syukur.

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Sabar ateges kito kedah nampi sedoyo cobaanipun gusti Allah kanthi ketabahan manah, dipun iringi iktiyar utawi usaha sekuat tenaga kanti semangat, kerja keras, ugi mboten putus asa anggenipun pados fahol (keutamaan) sakeng Allah SWT. Sebab Allah SWT ugi ngendikan bilih, kejawi keranten putusan taqdir,  ikhtiyar kito ugi nentu’aken dateng berhasil utawi mbotenipun anggen kito nglampahaken ujian Allah.  Allah ngendikan wonten ing Al-Qur’an :

إِنَّ اللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّى يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ

“Allah mboten bade ngrubah nasib kaum, selagi kaum iku ora gelem berusaha ngrubah awake dewe. (Q.S.  Ar-ra’d : 11)

Nanging engkang kedah kita lampahaken inggih ikhtiyar engkang sesuai kalehan aturan syare’at agami Islam. Ampun ngalalaken ikhtiyar engkang haram utawi mengharamkan ikhtiyar engkang halal. Coro menikolah engkang akhir-akhir meniko katah engkang sami dipun tilaraken. Sehinggo hasil ikhtiyar mboten saget nyaketaken dateng Allah malah kosok wangsulipun, na’uudzubillah min dzaalik.

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Mboten sedoyo ikhtiyar mesti bade berhasil sesuai keinginan manah kito. Sebab kados nopo toh katahipun usaha kagem mencapai tujuan menawi mboten diiringi kalehan kersanipun gusti Allah, mesti mboten bade kalaksanan ikhtiyar meniko, kosok wangsulipun kados nopo toh ikhtiyar kangge ngeduhi perkawis engkang dipun sengiti, menawi Allah SWT sampun ngersaaken, mongko kito mboten bade saget ucul sakeng pesten maniko. Keranten meniko setiap ikhtiyar kedah kita iringi sifat pasrah. Masrahaken sedoyo urusan dateng Allah semata, mboten terpengaruh dateng lingkungan, langkung-langkung dateng pangridu syetan lan nafsu. Kedah mawi raos penuh kesadaran bilih kito makhluk engkang lemah, mboten gadah kekiatan nopo-nopo kejawi sedoyo sampun dipun takdiraken dening Allah SWT dzat engkang moho kuwaos lan moho kerso. Kito kedah husnud dzan bilih punopo engkang kito alami meniko minongko wujud raos cintanipun Allah SWT dteng kito. Insyaallah menawi meniko kito lampahaken, kito bade pikantuk jiwa engkang tenang, mboten kemprungsung, saget ngirangi beban pikiran, pikantok keyakinan engkang sempurno dateng kekuasa’anipun Allah lan Allah tentu bade maringi kunci jawaban setiap permasalahan gesang kito, ugi bade paring jalan keluar lan bade nyekapi sedoyo kabetahan kito.

وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ

“Sopo kang gelem tawakal (pasrah) marang Allah, mongko bakal dicukupi”.

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Menawi ujian Allah sampun kito adepi kanto sabar, ikhtiyar lan tawakal, mongko tahapan sak lajengipun kito kedah qona’ah utawi nampi setiap keputusan sakeng Allah SWT. Mboten dados tiang engkang iri dateng kesuksesan tiang sanes. Sebab sedoyo menungso meniko sampun dipun takdir dening Allah, nggadahi keluwihan lan kekurangan kiyambak-kiyambak. Mboten wonteng tiyang engkang paling sempurno kejawi namung junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. Allah ngendiko ing Al-Qur’an :

وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَى بَعْضٍ لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبُوا وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبْنَ وَاسْأَلُوا اللَّهَ مِنْ فَضْلِهِ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا

Ojo podo iri siro marang keluwihan kang Allah wenehake marang kawulane. Wong lanang nduwe bagian soko amale dewe, wong wadon ugo nduwe bagian soko amale dewe. Nanging njaluko keluwihan iku marang Allah SWT. Sak temene Allah SWT dzat engkang langkung perso dateng sekabihing perkoro. (Q.S. An-Nisa’ : 32)

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Sak lajengipun kito ugi kedah nggadahi sifat ahli syukur dateng setiap anugerah saking Allah SWT. Kanti kito ginaaken anugrah kalawahu dateng margi engkang sesuai dateng aturan / syare’at agami Islam. Ampun terlalu sering mengeluh, misuh-misuh utawi nggresulo, nanging seringo olehe ngucap hamdalah. Tansah nampi kenikmatan Allah kanti manah engkang ikhlas, nggina’aken kenikmatan kangge nyekapi kabetahan mboten kagem nuruti kepinginan nafsu, ugi purun berbagi dateng tiang sanes. Nyisihaken rejeki kagem tiang sanes, lan yakin bilih sedoyo kenikmatan meniko minongko titipan engkang bade dipun suwun maleh dening Allah lan kito bade dipun tuntut pertanggung jawabanipun. Menawi kito saget syukur, insyaallah janjinipun Allah bilih kito bade dipun paringi tambahing kenikmatan, lan Insyaallah selamet saking pepekone alam akherat. Kosok wangsulipun menawi kito mboten dados ahli syukur, mongko Allah ngancam kito kanti sikso engkang langsung abot maleh, na’uudzubillah min dzaalik.

Allahu akbar 3x, allahu akbar wa lillahil hamd.

Hadirin jama’ah shalat Id rohimakumulloh,.

Kanti meniko monggo kito tansah neladani dateng sifatipun Nabi Ibrahim AS, kanti sabar, ikhtiyar, tawakal lan qona’ah ugi syukur dateng setiap ujianipun Allah SWT. Insyaallah menawi kito saget nglampahaken, katah manfaat saget kito raosaken antawisipun :

  1. Ketenangan manah.
  2. Dados tiyang engkang terhormat wonten ngersanipun Allah SWT ugi wonten peningal sesami manungso.
  3. Damel perisai diri sakeng pangridunipun syetan lan tansah selamet ndunyo akheratipun.
  4. Tebih saking sifat tama’ (ngarep-ngarep barang kang dudu hak-ipun), ugi saking sifat-sifat olo sanesipun. Langkung-langkung slamet mbenjeng ing akheratipun.

Akhiripun mugi-mugi kito tansah saget ngamalaken sifat-sifat meniko ing akhiripun kito pinaringan selamet wilujeng ndunyo tuwing ing akherat, Amin Allohumma Amiin.

اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيمَ . صِرَاطَ الَّذِينَ أَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ . غَيْرِ الْمَغْضُوبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّالِّينَ .

1 Comment

  1. Khutbah said,

    17/09/2014 at 04:00

    thanks materi khutbahnya


Leave a comment